Kanca Cilik
Jenengku Shinta, aku seneng banget dolan ngendi-ngendi, cara gaul e yaiku "ngetrip". Adus kali, penekan wit, nganti tekan sawah. Aku duwe kanca cilik jenenge Yona, Lesti, Putra, Arjuna, Rendi karo Ari. Nah kabeh kuwi kancaku dolanan saben dina. Bocah cilik kuwi ora mikir beban, urip e bendinane mung seneng-seneng wae.
Saiki dinane setu, aku sekolah bali jam 10. Kaya biasane aku karo kanca-kancaku bali bareng-bareng. Liwat sawah sing ijo banget. Nyanyi bareng, Gojegan bareng.
"he cah, dimatke kae tengah sawah, manuk e akeh banget tur warnane putih, apik cah." kandhane Rendi.
"wahh iya cah, akeh banget. Nah yen kae jenenge manuk kunthul cah." wangsulane Putra.
"iya, kae manuk kunthul kae. Yen mabur sok baris kaya pasukan tentara tar-tar. hehe" gojeganku
"ha? Pasukan tentara tar-tar? ahahaha" serempak cah 6 mau guyu nggegek.
Lajeng cah 7 mau mbacutke lakune bali ngomah. Lhadalahh ora suwi, Yona karo Lesti ngerasa ngelih wetenge, cah 7 mau mandheg. Njuk lenggah ing pringgitan kali.
"cah aku ngelih tenan ki rasane." kandhane Lesti.
"hooh aku ya ngelih ki cah, mbok mandheg dhisik wae, golek-golek apa ngono sek isa nggo maem." kandhane Yona.
"lha kae enek wit jambu karo belimbing cah, gek ayo dha menek, ning sadurunge kandha karo sing duwe dhisik ya ben ra dikira nyolong." kandhane Arjuna.
"walahh ra sah kandha, selak ngelih je, langsung dipenek wae, neh aku wae sing menek." wangsulane Ari.
"ya ra entuk ngunu kuwi ri, mau lak ya bu guru wis ngendhika. Menawa meh jupuk apa-apa sing dudu nggone awak dhewe kuwi kudu kandha dhisik, ndak ra barokah mengko." ngendhikane Shinta
"iya wis iya, gek ndang kandhakke, gek ndang tak peneke wite." Ari kandha ning Shinta karo Arjuna.
Lajeng Arjuna kandha dhateng pak Paijo. Shinta, Ari, Yona, Lesti lan Arjuna langsung menek wit jambu lan belimbing kae mau. Dene Putra karo Rendi, lagi anteng dolanan banyu kali, njuk kelambine saya kebles banyu kali. Bibar e cah 4 penekan wit jambu lan belimbing kuwi mau, njuk langsung padha jegurke awake dhewe-dhewe ning kali. Dha kesenengen kungkum jero kali, reti-reti seragame Rendi katut kintir ilining banyu, Rendi nangis, merga wedi ndak disengeni karo ibu bapake. Bar kuwi kanca-kancane padha ngleremke atine Rendi. Merga ra tegel ngematke Rendi nangis keweden, Putra ngewenehke seragame nyang Rendi. Njuk cah 7 kae mau bali ngomahe dhewe-dhewe.