Senin, 26 September 2016

Ancas, Tuladha Nyerat Fiksi Jawi

Ancas Ugi Tuladhanipun Nyerat Fiksi Jawi

Nyerat menika ngandharaken ide gagasan saking seratan. Nyerat menika gadhah 5 ancas inggih menika :
1. Ekspresif : seratan ingkang nedhahaken menapa kemawon ingkang dipun raosaken.
    Tuladhanipun : 
wonten basa Indonesia ingkang kapetik saking laman menika http://khairul-anas.blogspot.com/2010/06/penulisan-catatan-harianpengalaman.html#ixzz4LNsR0lmB  wonten kolom tiga nomer 1:

Solo, Senin 7 Mei 2007
Hari ini aku bertemu teman lama. Senang banget deh rasanya, soalnya
sudah lama aku tidak mendengar kabar tentang dia.


menika basa Jawinipun:
Solo, Senin 7 Mei 2007 
Dina iki aku ketemu kanca jaman biyen. Bungah banget deh rasane, soale wis
suwi banget aku ora ngerungokke kabar seka cah kae.
2. Informatif : seratan ingkang nedhahaken utawi ngandharaken informasi utawi katrangan kangge tiyang sanesipun. Tuladhanipun :
Hasil gambar untuk contoh woro woro kerja bakti 
 

3. Estetis : seratan ingkang gayutipun kaliyan kaendahan, basa ugi wosipun dipuntata supados saged endah. Tuladhanipun:
LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008



4. Argumentatif : seratan ingkang ancasipun ngewahi pola pikire tiyang sanesipun supados sami kaliyan punapa ingkang dipunkersakaken panyerat. Kanthi mbeberaken bukti ugi kasunyatan, supados tiyang ingkang maos saged percaya kaliyan menapa ingkang dipunserat dening panyerat kala wau. Tuladhanipun:
"Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa tumindak kasar kleebu nglalu, amarga mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan seneng sekarepe dhewe."

http://corojowo.blogspot.co.id/2010/08/nulis-wacana-argumentasi-lan-persuasi.html 
5. Persuasif :  seratan ingkang ancasipun ngajak tiyang sanesipun supados jumbuh, supados percaya kaliyan menapa ingkang dipunkersaaken dening panyerat. Tuladhanipun : poster, brosur, iklan, selebaran, propaganda.
Hasil gambar untuk contoh iklan jawa






 








http://corojowo.blogspot.co.id/2010/08/nulis-wacana-argumentasi-lan-persuasi.html
https://www.google.com/search?q=contoh+iklan+jawa&ie=utf-8&oe=utf-8&client=firefox-b-ab








Tidak ada komentar:

Posting Komentar