"Welinge Ibu Wonten Gayutanipun kaliyan Pangajab"

Setunggal warsa kepungkur, kula tumut seleksi seleksi SBMPTN. Amargi kula tiyang Surabaya, dados anggenipun kula tes menika wonten Surabaya, inggih menika wonten kampus UNESA ketintang. Ati kula rumaos ajrih, bungah ugi amargi anggenipun tes menika kula mboten piyambak, ananging sareng-sareng kaliyan kanca-kanca.
Bibaripun tes, kula kedah nengga woro-woroipun saking internet. Nalika woro-woroipun sampun medal asilipun, ugi saged dipun akses, kanca-kanca kula sampun sami mriksani asilipun, ananging kula dereng saged mriksani amargi kala menika kula taksih wonten adicara sanggar. kanca-kanca kula kathah sanget ingkang ketampi wonten universitasipun piyambak-piyambak.
Lajeng sasampunipun adicara menika pungkasan, kula mriksani aslipun wonten internet. Ati kula tansah rumaos mak deg mak tratap. Amargi ajrih mbok bilih mboten ketampi wonten universitas ugi jurusan ingkang kula remeni. Nalika asilipun medal, ndilalah kersane Gusti Allah, kula ketampi wonten UNY (Universitas Negeri Yogyakarta) jurusan Pendidikan Basa Daerah. Ati kula tansah bungah sanget ngantos mboten saged nguwawi raos syukur dhumateng Gusti Kang Maha Asih.
Lajeng kula kemutan ngendikanipun ibu. Inggih menika "Sapa wong kang temen, bakal tinemu" "Sinten ingkang estu, badhe pinanggih" tegesipun inggih menika "menawi panjenengan gadhah pangajab kagem ngupadi ilmu ingkang yektos, mila panjenengan kedah satuhu-tuhu, mangke pangajabipun saged dipunijabahi dening Gusti Kang Maha Asih. Ananging menawi anggenipun panjenengan ngupadi ilmu namung sepalih-sepalih, ampun kuciwa menawi panjenengan mboten saged pikantuk gegayuhan panjenengan."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar